Laporan Hasil Observasi (TUGAS BAHASA JAWA)
LAPORAN HASIL OBSERVASI
KANTIN SMP NEGERI 01 PONGGOK
SMPN1PONGGOK mujudake salah sijine sekolahan ing kecamatan ponggok.Ingkan dipun pangarsani dening Bapak Sukono. Panggenane ing etane ratan,penere yaiku ing ratan JenderalSoedirman No.208 Ponggok.Nalika melbu ing lingkungan sekolah ing tengene ana lapangan basket,lan ing kiwane ana mushola lan green house.Sateruse lawang melbu ana lobi, ing siseh tengene lobi ana kantor tata usaha ,sak tengene kantor tata usaha yaiku ruang operator lan kidule meneh ana ruang komputer.Sak kiwane lobi ana ruang guru,lan panggonane ruang kepala sekolah yaiku ana ing kiwone ruang guru pas e madep ngidul.Ngarepe lobi ana lapangan kang biasane di gawe upacara.Dene kelas kelas ing SMPN 01 PONGGOK duweni ciri khas,warnane jambon sing cacahe ana 27 kelas.Kaperang dadi telung tingkatan,mujuadake 9 ruang kelas pitu,9 ruang kelas wolu,lan 9 ruang kelas songo.Lan uga ana kantin kang panggone ing pekarangan mburi SMPN 01 PONGGOK .
Sawise kelompok siji ngadaake pengamatan ing wilayah kantin SMPN 01 PONGGOK,kelompok siji iso nyimpulke perubahan kantin sak durunge lan sawise di eneke progam ADIWIYATA. Perubahan iki kayata tambahe tanduran ing sakiwa tengene kantin.Nanging malah ora ana sing ngrumat.mula saka kui akeh tanduran sing mati,lan akeh suket suket sing ora keramut.Ora mung tanduran sing ora keramut sing dadeake masalah,nanging keresikan kantin uga dadi masalah kayata isih akeh turahan turahan panganan kang mblader ing sakiwa tengene kantin.Meja lan kursi ing kantin akeh sing amoh lan peyok.Panganan sing di dol kurang higenis amarga akeh sing di rubung laler.Ana kendaraane wong sing bakul ing kantin ora ketata rapi garai ngelek ngelek i pemandangan.
Ora mung kakurangan kakurangan sing ana ing kantin,nanging uga ana kaluwihane sawise program ADIWIYATA yaiku ngupayake ora gunakake plastik nanging gunaake gegodhongan supaya ngurangi pencemaran lingkungan.Panggonan lungguh kanggo mangan sing di gawe saka ban bekas kang diiseni pecahan genteng lan di cat warna warni iku nambah fasilitas lan wujud kreativitas murid SMPN 01 PONGGOK.anane wit markisa sing mrambat ing saka panggonan lungguh kui mau dadi iyup lan hawane asri.
Saka wacan ing duwur bisa disimpulake yen anane program adiwiyata bisa gawe perubahan ing SMPN 01 PONGGOK,termasuk perubahan ing kantin sekolah.Ing kantin diadake pembangunan sing gawe kantin luwih apik.Nanging,kurang ana sing ngrumat sehingga kantin kurang resik lan kurang rapi.amarga kuwi,warga sekolah kudu nduweni kesadaran kanggo ngrumat keresikane kantin,termasuk wong sing bakul kudu melu ngrumat kantin.
-tugasbahasajawa-
RIFIOKTA
Kak ini pakai ukara apa?
BalasHapusga tau
Hapusyang simpel gimana...
BalasHapusini kok banyak banget sih...
bahasanya yang mudah di pahami gitu lo.....
strukturnya yg mana kk? yg definisi umum yg mana?
BalasHapus